13 Sep 2011

Paromosastro = Tata Bahasa = Grammar




Para sutersna Basa Jawi, kepareng matur mbok menawi sutersna sedaya wa bil khusus ingkang ngancik yuswa sepuh lan pilenggahe ana ing sak njaban bebrayan masyarakat Jawi, mbak menawa isih pada kelingan piwulange Ibu/Bapak Guru rikala duk inguni.

Tulisan iki kaserat saka situs Buku Piwulang Basa Jawi lan situs-situs kang magepokan ing babagan piwulang basa Jawi sarto pangeling-eling duk nalika semana aku antuk piwulang Basa Jawa nalika ing pasinaon SMP Negeri Blabak udakara tahun 1972 -1974, yaiku saka Ibu Guruku ingkang asma Ibu Dra. Marfuah (almh). Kaleresan bejo-bejaning awak, aku tansah antuk angka 9 - 10 ana ing saben ulangan piwulang Basa Jawi. Sumonggo disimak paramasastro utawa Tata Bahasa (grammer) kasebut ing ngisor iki.




A. Tembung (Kata)
Tembung (kata) : Kumpulane wanda (sukukata) kang duweni teges. Tembung kang mung sakwanda diarani Tembung Wod (akar kata).


Jinise tembung
Tembung lingga (Kata dasar) : Tembung kang durung uwah soko asale

Tembung andhahan (Kata jadian) : Tembung kang wis owah saka asale kanthi diwenehi Ater-ater (Awalan), Seselan (Sisipan) utawa Panambang (Akhiran).


Ater-ater (prefik)
  • Ater ater Hanuswara (m, n, ny, ng), ngemu teges nindakake pagawean, tuladha :
m [m+bathik=mbathik]
n
[n+tulis=nulis]
ng
[ng+kethok=ngethok]
ny [ny+cuwil=nyuwil]



  • Ater-ater Tripurasa, yaiku awalan kang nuduhake bakal ditindakake, tuladha :

dak [dak+pangan=dakpangan]
ko
[ko+jupuk=kojupuk]
di [di+goreng=digoreng]

Catetan :
Ater-ater “dak” diucapake mawarna-warna dening masyarakat saka salah sawijining daerah lan daerah liyane, tuladha : dak tetep diucapake dak kanggone masyarakat Banyumasan ananging wiwit daerah Purworejo mangetan tumeka Jawa Timur, dak diucapake “tak”, tuladha : tak jaluk, tak openi, lsp.

  • Bawa Kuma, kami, kapi yaiku ater-ater liyane kang nuduhake kapilara (pelengkap penderita) tumraping tembung, tuladha :
kuma [kuma+wani=kumawani]
kami
[kami+tuwa=kamituwa, kamitenggengen]
kapi [kapi+temen=kapitemen]


  • Ater-ater liyane kang ora gumathok, warno-warno tegese, tuladha :

a [a+lungguh=alungguh]
ma
[ma+lumpat=malumpat]
ka
[ka+gawa=kagawa]
ke
[ke+sandhung=kesandhung]
sa
[sa+gegem=sagegem]
pa
[pa+lilah=palilah]
pi
[pi+tutur=pitutur]
pra
[pra+tandha=pratandha]
tar [tar+buka=tarbuka]

Catetan :
  • Ater-ater a asale saka “Ha” huruf Jawa. Mula saka iku, ana ing Tanah Jawa sisih kulon (Pasundan), akeh tembung kang migunaake ater-ater Ha, tuladha : andap dadi handap, arep dadi harep, lsp.

  • Seselan (insersi)
um [..um..+guyu=gumuyu]
in
[..in..+carita=cinarita]
el
[..el..+siwer=seliwer]
er [..er..+canthel=cranthel]

Catetan :
Seselan insersi “er utawa ra” ngemu teges akeh “multi” ana ing Tanah Pasundan dianggo ana ing saperangan tembung, tuladha : ..ra.. tembung aran [tahu = tarahu]; ..ra.. tembung kriya [bade = barade], lsp.

  • Panambang (akhiran utawa affix)
i [kandha+i=kandhani]
ake [jupuk+ake=jupukake]
ne
[teka+ne=tekane]
e
[omah+e=omahe]
ane
[jaluk+ane=jalukane]
ke
[kethok+ke=kethokke]
a
[dudut+a=duduta]
na
[gawa+na=gawakna]
ana
[weneh+ana=wenehana]
en
[lepeh+en=lepehen]
ku
[buku+ku=bukuku]
mu
[klambi+mu=klambimu]
e [omah+e=omahe]


Jinising Tembung

  1. Tembung aran (Kata benda) : Tembung kang nuduhake arane barang, tuladha : Omah, dalan, lsp

  1. Tembung kriya (kata kerja) : Tembung kang nuduhake pakaryan, tuladha : adus, mlaku, mangan, lsp

  1. Tembung wilangan (Kata bilangan) : Tembung kang nuduhake cacahing tembung aran, tuladha : Siji, sprapat, sepisan, lsp.

  1. Tembung kaanan (kata sifat) : Tembung kang nuduhake kaanan lan watak kang manggon ing sakmburine tembung aran, tuladha : Gedhe, sregep, abang, lsp.

  1. Tembung katrangan (kata keterangan) : Tembung kang nerangake sak liyanetembung aran, tuladha : Angler, cepet, rindhik, lsp.

  1. Tembung tetenger (kata sandang) : Tembung kang nyandhangi tembung aran, tuladha : Si, sang, lsp.

  1. Tembung ancer-ancer (kata depan) : Tembung kanggo nggandeng tembung ing sajroning ukara, tuladha : Lan, ing, awit, lsp.

Catetan :
Tembung sing rinaket mungguhe ancer-ancer, amung tinemu ana saperangan daerah Magelang lan sakiwo-tengene, yaiku tembung “ndak”, ngemu teges “apa bener” utawa “genea utawa ya gene”, tulodho : ndak ngene, ndak bener, lsp.

  1. Tembung panyambung (kata sambung) : Tembung kang wigatine kanggo nyambung ukara, tuladha : Dene, nanging, lsp.

  1. Tembung sesulih (kata ganti) : Tembung kang wigatine kanggo nyulihi jenenge barang utawa manungsa, tuladha : Aku, iki, apa, lsp.

  1. Tembung pangguwuh (kata seru) : Tembung kang nuduhake pangudarasa, tuladha : Adhuh, oh, edan tenan, lsp.


Ayahane tembung (jabatan kata)

Jejer (Subyek).
Wasesa (Predikat).
Lesan (Obyek).
Katrangan (Keterangan).

Kaidah :
(Subyek + Predikat + Obyek + Keterangan = SPOK) dadi (Jejer + Wasesa + Lesan + Katrangan = JWLK).



1.    Tembung Tanduk (aktif)
Tanduk kriya wantah :
Tembung sing diwenehi ater ater hanuswara tanpa panampang
[maju (m+aju)]

Tanduk i kriya :
Tembung sing diwenehi ater ater hanuswara lan panambang i
[nyirami(ny+siram+i)]

Tanduk ke kriya :
Tembung sing diwenehi ater ater hanuswara lan panambang ke utawa ake
[nyelehake(ny+seleh+ake)]


2.    Tembung Tanggap (Pasif)
Tanggap tripurusa :
Tembung sing diwenehi ater ater tripurusa lan panambang i utawa ke
[Dikandhani(di+kandha+i)]

Tanggap na :
Tembung sing wenehi seselan in
[Tinuku(tuku+in)]

Tanggap tarung :
Tembung dwilingga diwenehi seselan in
[Gebuk ginebug(gebug gebug+in)]

Tanggap ka :
Tembung sing diwenehi ater ater ka
[kathuthuk(ka+thuthuk)]

3.    Tembung Rangkep
Tembung rangkep yaiku sekabehing tembung sing diwaca kaping pindho, bias sakabehing tembung utawa mung sawandane bae.
Tembung rangkep ana telung werna, yaiku:
a.     Tembung Dwilingga, yaiku tembung sing diwaca kaping pindho kabeh linggane.
1)     Dwilingga padha swara
Tuladha:      bapak-bapak; bocah-bocah; Guru-guru
2)     Dwilingga salin swara
Thuladha:    bola-bali; mrana-mrene; wira-wiri
3)     Dwilingga semu
Thuladha:      ondhe-ondhe; Undur-undur; Andheng-andheng
b.     Tembung Dwipurwa, yaiku tembung sing diwaca kaping pindho mung wanda sing bagean ngarep
Thuladha:      laku-> lelaku; Jupuk-> jejupuk; Tuku-> tetuku
c.      Tembung dwiwasana, yaiku tembung-tembung sing diwaca kaping pindho mung wanda sing mburi.
Thuladha:      cekak-> cekakak; Cekik-> cekikik; Cenges-> cengenges           


4.    Tembung Camboran (Kata majemuk)
Tembung loro utawa luwih sing dirangkep dadi siji.
Camboran wutuh :Tembung loro dirangkep tanpa ngurangi wandane.
 Tembung saroja[Sanak kadang].
»
Yogaswara.[Dewa dewi].
»
Baliswara.[Mahabarata].

Camboran tugel :
»Tembung garba.
[Yaiku (iya+iku)].
»
Keretabasa.
[Wedang (ngawe+kadang)].

Camboran tunggal :Tembung loro dirangkep dadi siji tur ora kena dipisahake amarga duwe teges anyar.
[Sakaguru].
Camboran wudhar :Tembung loro dirangkep dadi siji nanging ijen ijene tembung isih duwe teges dhewe dhewe.
[Gedhe cilik].



B. Ukara  (Kalimat)
 
Ukara yaiku tembung sing rinonce miturut pranata basa kang maton.

Jinising ukara:

  • Ukara lamba :Ukara kang anduweni jejer lan wasesa.
    [Bapak sare(jejer+wasesa)].
    [Aku mangan tela(jejer+wasesa+lesan)].

  • Ukara elip :Ukara kang tanpa jejer utawa wasesa.
    [Klambiku anyar(jejer+katrangan)].
    [Nulisa!(wasesa)].

  • Ukara rangkepDiarani uga ukara rowa :
    Ukara lamba sing dirangkep loro.
    [Ibu lagi masak,bapak ngunjuk kopi].
    [Nalika bapak tindak,ibu tunggu omah].

  • Ukara crita (Kalimat tak langsung) :Ukara kang nuduhake kedadean kang dirasa,diweruhi,dirungu utawa pitutur.
    [Gula iku legi] Ukara kandha (kalimat langsung).
    Ukara crita bisa arupa :
a. Ukara pitakon (Kalimat tanya) :
Ukara kang kang kanggo ngudhar barang kang durung dingerteni.
[Jenengmu sapa?].

b.Ukara pakon (Kalimat perintah) :
Ukara kang kanggo murih wong liya nindakake pakaryan sing karepake.
[Adusa disik!]

c.Ukara pangajak (Kalimat himbauan) :
Ukara kanggo murih bebarengan nindakake pakaryan sing dikarepake.
[Becike perkara iki dirembug].

d.Ukara panjaluk (Kalimat permohonan) :
Ukara pakon kang ditembungake kanthi alus.
[Kulo aturi ngrantos sakuntawis].

e. Ukara pangupama :
Ukara kanggo ngudarasa lelakon kang wus kebacut.
[Umpama awakmu mampir,tak wenehi oleh oleh].

 f. Ukara pengarep-arep :
Ukara panjaluk kang kawiwitan tembung sepadhane muga muga.
[Muga muga basa jawa tetep lestari].
g. Ukara janji :
Ukara kang mengku pangebang-ebang.
[Sing sapa sregep ngibadah, bakal nemu begja]







C. Ilmu Ukara / Kalimat (Sintaksis)

Sawenehing winasis mratelaake menawa ilmu kalimat (sintaksis) yaiku organisasi samubarang unsur basa kang saben-sabene arupa wujud sing ngemu teges/bermakna ( Harimurti Kridalaksana, 2001: 203). Struktur sintaksis dumunung saka bentuk, fungsi, kategori, lan peran (Sudaryanto 1983: 13-14).


1. Wujuding Ukara / Kalimat

Wijud utawa bentuk kalimat yaiku pangejawantah / penampakan satuan basa utawa rupa/wujud saweneheing satuan paramasastro/gramatikal. Wujuding kaimat/bentuk dibedaake dadi 5 (limang) perkara yaitu: (1) bentuk asal, (2) bentuk dasar, (3) bentuk tembung, (4) bentuk bebas, lan (5) bentuk terikat (Harimurti Kridalaksana, 2001: 28-29). Ana ing bahasan ini bentuk sing disinaoni cara morfologis sawenehing tembung sing awujud polimorfemis. Disebut polimorfemis yen dalem sawenehing tembung ngemu luwih saka sak tembung / kata. Polimorfemis asale saka tembung polys ’banyak’ (Verhaar, 1992: 54). Verba polimorfemis dibentuk menganggo pirang-pirang proses morfemis, yaiku: (1) proses afiksasi kang ngasilake verba berafiks/awalan, (2) proses makaping/pengulangan ngasilake verba ulang, (3) proses pemajemukan ngasilake verba majemuk, dan (4) proses kombinasi ngaasilake verba kombinasi.
Mungguh bentuk dasar verba polimorfemis bisa arupa bentuk tunggal, ya bentuk bebas, ya bentuk terikat, lan bentuk kompleks. Sing arupa bentuk bebeas bisa digolongake verba, adjektiva, wilangan/nomina, utawa numeralia (Wedhawati dkk, 2006: 107).

2. Fungsi Ukara
Fungsi yaiku gandeng-cenenge antarane unsur-unsur basa sing bisa diwaspadaake saka cara carane anggone njlentrehake ing sawijining kalimat (Harimurti Kridalaksana, 2001: 62). Munggguh fungsi iku sifate gegandengan/relasional. Mungguhing fungsi salah sawinjining tembung ora bisa dingen-ngen tanpa digandengake karo fungsi liyane.
Kita bisa nyebutake salah sawijining fungsi iku P, tuladha mung ana ing gandengane S utawa O semono uga suwalike. Bagean fungsi dumunung saka Subjek, Predikat, Objek, Pelengkap lan Katerangan. Ana ing basa Jawa subjek disebut Jejer, predikat disebut Wasesa, objek disebut Lesan pelengkap disebut geganep, dan keterangan disebut penerang (Wedhawati dikk, 2006: 49).

Subjek/jejer yaiku bagean saka klausa awujud nomina utawa frase nomina sing mratelaake apa kang kasebut dening pawicara. Tuladha, Ranti nyilih buku ’Ranti meminjam buku”. Tembung Ranti ing sajroning kalimat, Ranti fungsine subjek/jejer.
  1. Predikat/wasesa yaiku bagean klausa sing mratelaake apa sing disebut pawicara sahroning wasesa, tuladha : Ranti nyilih buku ’Ranti meminjam buku’. Tembung nyilih ’meminjam’ kasebut ngenggoni fungsi predikat/wasesa.
  2. Objek/lesan yaiku nomina utawa kelompok nomina sing nglengkapi verba-verba tertamtu ing sajroning klausa. Tulodho: Ani nyilih buku. Tembung ”buku” ing sajroning kalimat ngenggoni fungsi objek/lesan. Lesan, secara semantis yaiku konstituen/penderek akibat dituding solah bawaning wasesa kang dinyataake deining predikat/wasesa. Mungguhing objek/lesan dumunung ana ing kalimat aktif mawa wasesa verba transitif, ya tunggal transitif lan dwi transitif. Tuladha :
  • Konstituen/penderek pengisi objek/lesan, yaiku objek/lesan salah sawhijining kalimat arupa nomina utawa frase nominal.
  • Pelengkap/geganep yaiku bagean kalimat sing migunani tumraping predikat/wasesa.
  • Keterangan/panerang yaiku tembung utawa kelompok tembung sing dianggo ngelengkapi utawa mbatesi makna subjek/jejer utawa predikat/wasesa iang sahroning klausa.

Wasono cekap semanten atur kawula, kirang langkungipun muwun gunging samodra pangaksami. Sumonggo dipun simak, kawula suwun para pamirsa kersa paring pepenget amrih mbudidaya kasampurnanipun serat Blog punika.

 
Sumber Pustaka :

  1. www.http://sutresnojawi.com
  2. http ://sepuh.blogspot.com
  3. Harimurti Kridalaksana, 2001, Skripsi Ilmu Kalimat (Sintaksis), Yogyakarta.

Tidak ada komentar: