21 Mei 2011

Ritual Kejawen Wiyosipun Jabang Bayi

Para kinurmat sutresno adat kejawen, kepareng kawula ngudarasa ingkang magepokan wiyosipun jabang bayi. Wiyosan punika wonten gandeng cenengipun dumateng kulowargo kawula piyambak, ingkang sunyatanipun wonten ing kulowarga kawula wonten 4 tiyang cacahipun ingkang wiyosipun sami kanthi petangan pasaran jawi (Selasa Pon) inggih punika (1) Bapak kawula, (2) kawula piyambak, (3) adhi kawula Budi Pranoto lan (4) putra kawula (Damar).



Sajen Tingkeban


Menawi miderek adat Jawi, bapa kaliyan putra ugi wayah ingkang anggadhahi sami wiyosipun ing dinten pasaran dipun wastani “sengkala” ingkang kedahipun dipun ruwat kagem mbucal sukerto. Punapa inggih saestu menawi mboten dipun bucal sukerto dados pangalang-alangipun agesang? Menawi dipun nalar ritual kejawen kasebat ing nginggil kok mboten wonten gandheng-cenengipun kaliyan kasunyatan gesang wonten ing dunya wekdal punika.


Ritual adat bayi-an utawi “bayen” ngandhut angkah luhur nyadhong kanugrahan saking ngarsanipun Gusti Ingkang Akarya Jagad (Allah SWT) nalika jabang bayi taksih kawiwitan wonten kandhutan (7 wulan) ingkang nami tingkeban, nembe dipun lairaken ngantos bayi yuswa 7 wulan.


Ringkesipun, ritual adat kaperang dados tiga :
  1. tingkeban utawi mitoni utawi umur janin antawis 7 (pitung) wulan;
  2. nyambut wiyosipun jabang bayi, babaran utawi lairan;
  3. wilujengan bayi 7 (pitung) wulan.


A. Nalika Jabang Bayi Ing Jero Kandhutan
1) Upacara Tingkeban (Mitoni)
Siraman Tingkeban
Upacara tingkeban utawi mitoni punika katindakaken nalika calon ibu ngandhut putra pambarep yuswa pitung wulan. Wonten pinten-pinten perangan tatanan upacara tingkeban utawi mitoni ingkang dipun yakini dados sarana tolak balak utawi sarana kangge nyuwun pangayoman wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Tatanan upacara tingkepan punika saged kaperang dados wolu: (a) adat blosot endhog/tigan, (b) adat medhot benang lawe, (c) adat nyebar beras kuning, (d) adat busana tingkepan, (e) adat cengkir gadhing, (f) adat pupus pisang, (g) adat siraman, saha (h) prosesi adat tingkepan.

(a) Adat Blosot Endhog/tigan
Blosot endhog/tigan punika teges­ipun pranatan nglebetaken endhog/tigan ayam wonten rasukanipun/kemben calon ibu wiwit saking dhadha ngantos dhawah saha pecah wonten bantala, kanthi donga makaten “Minongko jabang bayi sing dikandhung niat ingsun mblosokaken endhog prosat prusut slamet anggenipun nglairaken jabang bayi.”

(b) Adat Medhot Benang Lawe
Pranatan: benang lawe minangka sabuk (ikat pinggang) saha tigan ayam kalih dipun pangku dening calon ibu. Sakla­jeng­ipun benang lawe  dipun pedhot dening calon bapak ngan­tos salah setunggaling endhog/tigan pecah. Menika ngandhut pralambang supados jabang bayi  saged lair lancar lan gampil kados pecahipun tigan. Tigan ingkang mboten dhawah/pecah dipun paringaken calon ibu supados dipun dhahar kuningipun  (kuning telur) kangge kekiyatan saha kasantosan raga. Saksampunipun dhahar kuning endhog, calon ibu kedah ngunjuk jamu ramuan supados  payu­da­ra­nipun saged subur kebak toya susu kangge calon bayi.

(c) Adat Nyebar Beras Kuning
Pranatan: sakderengipun acara kawiwitan, tetua adat (sesepuh) maos donga dipunlajengaken nyebar beras kuning. Dhukun bayi ugi maos donga dipunlajengaken potong rambut calon ibu kanthi maksud tolak balak (mbuwang sangkal). Calon bapak mecah krambil gadhing, dipunpasrah­aken calon ibu supados digendhong kados bayi.

(d) Adat Busana Tingkeban
Pranatan: calon bapak ngagem sarung, calon ibu ngagem kain/kemben, tiang sepuh kakung ngagem kejawen, tiyang sepuh putri: ngagem  kebayak lurik/jarik lurik kemben, peng­apit putri ngagem rasukan cemeng/bathik, saha sesepuh/Pe­nyiram: ngagem kejawen. Panggenan pasiraman dipun hiasi tetanduran/pethetan kembang ingkang seger/wangi saha dipun cepaki genthong toya saking pitung sumber.

(e) Adat Cengkir Gadhing
Pranatan mecah cengkir gadhing/krambil degan. Cengkir dipun gambari tokoh wayang Dewi Ratih saha Bathara Kamajaya kanthi pangajab, upami lair putri kados Dewi Ratih ingkang sulistya ing warno saha umpami lair kakung saged bagus kados Bathara Kamajaya. Pecahipun cengkir ugi mawi teges: pecah tengah Insya Allah jabang bayi lair putri, pecah pinggir lair kakung.

(f) Adat Pupus Pisang
Pranatan: calon ibu diparingi sem­bong pupus pisang dening sesepuh. Cengkir gadhing ingkang sampun dipun  gambari dipun lebetaken wonten sembong pupus pisang. Cengkir gadhing dipun dhawahaken. Kawiwitan cengkir gambar Harjuna/Kamajaya ingkang dipun dhawahaken, sesepuh maos donga “Lanang-lanang-lanang… gantheng-bagus-ganteng-bagus”. Kalajengaken cengkir gambar Sem­badra/Dewi Ratih ingkang dipun dhawahaken, sesepuh maos donga: “Ayu-ayu-ayu… manis–manis–manis–luwes–gandhes”.

(g) Upacara Adat Siraman
Pranatan: wonten upacara siraman punika dipun wiwiti tata cara sung­keman dhumatheng bapak/ibu saha sesepuh. Adat siraman dipun tinda­kaken supados calon ibu saha calon bayi seger waras wiris saha wangi.

(h) Prosesi Adat Tingkeban
Prosesi upacara adat tingkepan punika dipun pimpin dening sesepuh minangka sutradara ngantos upacara purna. Calon Bapak/Ibu sakderengipun wudhu toya kendhi, kedah ngagem ron pupus pisang kanthi tujuan supados kelairan si jabang bayi saged lancar lan cepet kados toya mili wonten ing pupus pisang. Saklajengipun sesepuh mun­dhut kendhi kanti pangucap : “Ora mecah kendhi nanging mecah kelairane si jabang bayi… kendhi pecah ajur mumur lan para kadang sami rebutan kreweng kendhi minangka jimat/ gang­sar rejeki.


B. Kawiwitan Wiyos Jabang Bayi
2) Upacara Lairipun Bayi
Upacara lairipun bayi punika ka­wiwitan nalika bayi lair ngantos umur pitung dinten/ tigang dasa enem dinten (selapan) Umumipun, upacara adat lairipun bayi punika wonten enem pe­rangan inggih punika: (a) adat barokohan, (b) adat adi ari-ari, (c) adat cuplakan, (d) adat donga jabang bayi, (e) adat tibakan, saha (f) adat mbu­wang bayi.  Upacara adat wiyosipun jabang bayi kawedhar makaten :

(a) Adat Barokohan
Pranatan: adat barokohan dipun tindakaken nalika si jabang bayi lair. para sedherek/ tanggi (kaum ibu)  sami nyengkuyung/nyambut lairipun jabang bayi saha sami ngasta bingkisan arupi wedhak, sabun, lan kopi/teh. Sakla­jeng­­ipun dipun wontenaken  wilu­jengan “brokohan” ingkang dipun tindakaken dening para ibu saha di­pimpin dening dhukun bayi.

(b) Adat Adi Ari ari
Pranatan: miturut keyakinan, lair­-ipun si jabang bayi punika sesarengan kaliyan sedherek kembaranipun. Sedherek sepuh arupi toya kawah ingkang medal sak derengipun bayi lahir, lajeng dipun sebat “kakang kawah”. Sedherek anem arupi ari-ari (duluran), lajeng dipun  sebat “adi ari-ari” ingkang lair sak sampunipun si jabang bayi. Ari-ari punika lajeng dipun wadhahi kendil, ditanem wonten ngajeng griya sisih tengen, dipun siram ngangge toya kembang telon, diparingi lampu senthir, saha ditutup kranjang minangka pangayom/keamanan. Cok­-bakal lan tumbak sewu dipun pasang wonten ngajeng griya sebelah kiwa. Saklajengipun ron widara, alang-alang, lan pandan duri dipaku wonten saka/cagak griya.

(c) Adat Cuplakan
Pranatan: adat cuplakan “tali puser coplok” biasanipun katindakaken nalika jabang bayi watara umur gangsal dinten. Istilah cuplakan punika saged ugi kasebat istilah “sepasaran”, sepasar tegesipun gangsal dinten. Adat cuplakan punika mawi teges raos syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos.

(d) Adat Donga Jabang Bayi
Pranatan: jabang bayi digendhong, lajeng dhukun bayi matek aji “doa pengasihan”, kanthi pangajab jabang bayi mbenjang saged dados priyantun luhur, kebak ing sih katresnan, kormat marang tiyang sepuh, saha migunani tumprap keluarga, bangsa, lan agama.

(e) Upacara Adat Tibakan
Pranatan tibakan dan potong rambut: upacara kawiwitan dening rombongan santri maos sholawat nabi, kairing tabuhan terbangan (rebana). Si jabang bayi dipotong/dicukur rambut-ipun dening sesepuh/kyai, lajeng di-gendhong bapakipun, diajak muter nyambut para tamu, lan diolesi bedhak/tepung beras dicampur kembang telon. Para tamu/santri diaturi ngusap rambut-ipun bayi ngagem toya kembang telon.

3) Upacara Adat Wilujengan Bayi Pitung Wulan
Upacara adat wilujengan bayi pitung wulan punika dipun tindakaken nalika bayi umur watawis pitung wulan. ke-yakinan adat selametan sampun lumampah turun temurun. Upacara adat punika kaperang dados tiga : (a) adat banyu kembang setaman, (b) adat damar kembang, lan (c) adat bayi tetel.

(a) Adat Banyu Kembang Setaman
Pranatan: bayi pitung wulan dipun siram ngangge toya kembang setaman (manca warna) utawi “banyu gege”. Tegesipun supados si bayi enggal ageng lan pinter kangge ngadhepi maneka warni cobaning gesang wonten ing alam donya. Saklajengipun, dening sesepuh bayi dipun pasrahaken dhu-mateng bapak/ibunipun supados di-tuntun (latihan mplampah)

(b) Adat Damar Kembang
Pranatan: Damar Kambang (sumbu kapas kanthi bahan bakar minyak krambil) dipun pasang wonten kamar kanthi pralambang pepadhange gesang wonten ing alam donya. Beras kuning dipun sebar wonten ngajeng griya, kangge tolak balak supados jiwa tetep luhur dan wibawa.

(c) Adat Bayi Tetel
Pranatan: bayi dipun lenggahaken dening sesepuh supados mendhet dolanan ingkang dipun remeni. Teges-ipun, mbenjang bayi sampun dewasa saged dados priyantun jumbuh kaliyan cita-citanipun. Conto: bayi mendhet buku, mbenjang dados tiyang pinter, bayi mendhet arto, mbenjang dados tiyang sugih, lan bayi mendhet Alquran, mbenjang dados kyai/ulama.
Upacara adat “Bayen” kedah diuri-uri minangka pralambang gesang kagem katentreman, kawilujengan, ka-betahan spiritual, saha pelestarian bu-daya/adat leluhur.


C. Mbucal Sukerto
Ingkang dipun wastani pranatan mbucal sukerta "sengkala" inggih punika bilih pun jabang bayi lahiripun kaleresan sami kaliyan rama utawi biyungipun ing babagan wiyos dinten pasaran. Tuladha, Bapak kawula lairipun Selasa Pon, kawula ugi Selasa Pon, Adhik kawula Budi ugi Selasa Pon, ugi anak kawula Selasa Pon. Dinten wiyosan makaten punika kedahipun dipun ruwat kagem mbucal sukerto, ingkang pranatanipun kados ethok-ethokipun pin jabang bayi dipun bucal wonten ing pluruhan, salajengipun dipun openi kaliyan sesepah ingkang anggadhahi pangangkah mbucal  sukerto utawi sengkala utawi nafsu jahat pun jabang bayi.

Ngruwat mbucal sukerta punika saperlu pun jabang bayi dipun paringana kawilujengan ngantos ing tembe, tinembihna lir ing sambe kala.


Caranipun : Bapak utawi ibunipun madhahi jabang bayi wonten ikrak lajeng dipun selehaken wonten ing pluruhan (tempat sampah ngajeng griya) kanthi dipun sekseni para sepuh lan pinisepuh. Ing antawis wekdal, bayi dipun pendhet dening sesepuh lajeng kapasrahaken dumateng bapak lan ibunipun.

Kasunyatan kawula piyambak, punapa wonten gandheng cenengipun utawi mboten kaliyan "sukerto" ingkang dereng dipun bucal nalika taksih jabang bayi, kadadosan nalika kawula taksih alit yuswa antawis 3 tahun, kaleresan dolanan wonten ing ngajeng griya. Rikala semanten, bapa nyambut damel mulang wonten ing SD, biyung kawula saweg ribet wonten ing pawon. Wonten satunggaling sedherek ingkang kepingin nggendhong mendhet lare alit. Sanalika, kawula dipun pendhet lan sampun dipun wara-waraaken bilih kawula ical. Salajengipun, bapa biyung nanjehaken dumateng satunggaling piyantun pinunjul ing babagan kawaskithan supados kawula saged wangsul dumateng bapa biyung, Antawis 7 dinten lawasipun, sedherek mbangsulaken dumateng bapa biyungipun.

Rahayu ingkang pinanggih,


Referensi :
  1. Anonim, Adat Kejawen, Wikipedia, 2010
  2. Anonim, Nguri-uri Upacara Adat Bayen, Panyebar Semangat, 2011. 

Tidak ada komentar: