10 Jun 2011

Kawruh Kejawen "Malem 1 Suro"


Kanjeng Kyai Slamet, Dalam sebuah Prosesi Kirab 1 Suro, 2000 
 Sura utawa jroning kalèndher Hijriah disebut Muharam kuwi sasi pisanan ing Kalèndher Jawa. Tumraping wong Jawa, sasi iki dianggep wigati banget amarga dadi sasi kang pisanan. Ing sasi Sura iki sawetara masarakat Jawa isih mèngeti kanthi manembah marang Gusti kang Akarya Jagad. Utamané ing dina wiwitan yaiku Siji Sura, sawetara masarakat ana kang ngayahi panyucèn dhiri kanthi adus ing kali, sendhang, segara, utawa ing ngomah lan sawengi muput ora turu. Déné kelompok masarakat liyané ana kang nanggap lan nonton wayang kulit lan ana uga kang ziarah menyang panggonan suci lan nglakoni tapabrata utawa mèdhitasi. Tanggal siji Sura uga wektu kang becik kanggo ngresiki pusaka, kaya keris, tumbak lsp. Ing kapercayan Jawa isih akèh kang percaya ora gelem nganakaké pahargyan wigati kayadéné mantu (palakrama) ing sasi Sura.

Ing kuta Ngayogyakarto Hadiningrat, ana salah sawijining prosesi saperlu mengeti malem 1 Suro sarana adus 7 Kali yaiku : (1) Kali Opak di Prambanan, (2) Kali  Wareng ing Kalasan, (3) Kali Kalikuning di Sleman (4) Tambak Bayan (5) Kali Gajah Wong, (6) Kali Code, lan (7) Kali Winongo,".

Pangejawantah Malem 1 Suro Kanggone Masyarakat Margowangsan lan Sakiwo-tengene.
Duk naliko semana, Mbah-mbah buyut para leluhur ing Desa Margowangsan - Sawangan - Magelang kang pada ngugemi ngelmu kejawen lan pada winasis ing babagan kawaskithan ngelmu kanuragan ing antarane tahun 1970 lan sakdurunge, kaya ta Mbah Iyah, Mbah Supo Taruno, Mbah Bugel,  Mbah Bagong, lsp isih pada sugeng, penjenengane pada nyengkuyung anane malem 1 Suro sarana adus ing wayah bengi ana ing "Pancuran 7". Pancuran-pancuran mau dumunung ana ing bantaran Kali Krasak. Adus banyu 7 (pitung) Pancuran diayahi saka pancuran ing sisih Kulon, yaiku :
(1) Pacuran Kendal, sangisoring wit Klapa Gading, terus tindak nyusuri kali mangetan;
(2) Pancuran Druju, ing sisih lor Kali
(3) Pancuran Belik, ing sangisoring tanggul Irigasi Tri Dono Tirto;
(4) Pancuran Talang, sangiroing Kreteg sesek;
(5) Pancuran Guwo, sisih wetan Grujugan Irigasi;
(6) Pancuran Jambe, sangisoring Kuburan lan
(7) Pancuran Lanang utawa Kali Lanang, sisih kulon Kreteg Gede.

Ananging saka umbyaking jaman, prosesi adus pitung Pancuran mau kentir muspra dening kemajuan teknologi. Bocah-bocah nom-noman wis pada ora mangerteni maneh apa karepe ritual prosesi adus wayah bengi kang ora ketemu ing nalar. Pancuran wis ora ana piguna maneh, kepara pancuran ana sing wis ora bisa dienggo, kaya ta Pancuran Kendal, Pancuran Belik lan Pancuran Talang wis mati pet ora ana sing pada adus lan pancuran sing digawe saka bambu pada gapuk, ora ana maneh sing ndandani. Kajaba saka iku, saben omah wis pada nduweni kamar mandi dewe-dewe menganggo banyu kang diilekake nganggo pipa PVC saka Sendang Mudal tumuju ing saben omah. Jaman saiki adus mung kari gebyar-gebyur ana ing kamar mandine dhewe-dhewe ora susah mligi nglurug menyang Pancuran ing bantaran Kali Krasak sing dununge ing sisih lor Desa udakara 600 M saka omah. 

Ana maneh kisah kang gegayutan karo prosesi ritual malem 1 Sura kang dingendikaake turun-temurun tumrap tedak turune "Posong Sagotrah". Saka sedulur 3 ing antarane yaiku salah sawijining piyantun sing dedalem ing Dusun Gadingsari. Yen asmane, kok ora pati pada pirsa, pokoke sedulur telu iku (1) Mbah Posong, kang nurunake sedulur Margowangsan, Wonolobo, Gondang, Kebokuning, Butuh, Ngaglik, Mawungan (2) Mbah Gadingsari kang nurunake sedulur Gadingsari, Bengan lan (3) Mbah Kuncen kang nurunake sedulur Kuncen lan Margowangsan.

Cinarita,  Mbah Gadingsari iku kagungan sawung jago sekti. Sawung jago mau suarane yen nglokor kaya suara "ula sawa" unine.. koog..koog..kog, mangkono ngendikane. Sawung mau sering diadu geden menyang kutha lan mesti menang. Kaya crita Cindelaras, saben-saben diadu menyang ngendi papan mesti menang lan gawe kalok kawentar sing kagungan sawung. Ing kasunyatan kawigaten mau, ana laku-lampah kang katindakake dening Mbah Gadingsari yaiku "Kirab". Anggone kirab ora mlipir dalan ananging nyusuri Kali Mangu. Cekak aos carita, ing saben malem 1 Suro apadene saben malem Jumuah Kliwon sawung mesti dikirab saka Dusun Gadingsari mudun Kali Mangu, nyusuri bantaran Kali Mangu mlampah nungsung liwat satengahe kali arah mangetan teka ing Dusun Keron kang adohe udakara 3 Km. Mentas saka Kali Mangu wis wayahe jago kluruk terus kondur menyang Gadingsari, ngliwati dalan biasa saka Dusun Keron - Semaren - Mudal - Kebokuning - Gadingsari.  Kaya mengkono iku katindakake saben-saben wayah bengi malem Jum'at Kliwon apa dene tanggal 1 Suro, nganti sawung tuwa, wus titi-wanci ora kaconggah diadu maneh.
Pagelaran Wayang Kulit

 
Masyarakat Jawa wa bil khusus Jowo Tengah lan sadhengah panggonan ing njaban Pulau Jawa kang kepanggonan keturunane Wong Jowo, wis jamak lumrah ing saben malem siji Suro pada saperlu mengeti Tanggap Warso Enggal dino kapisan Sasi Suro kang dianggep wigati utowo sakral.

Kabeh pada kepingin “Ngalap Berkah” ing dino kapisan tanggap warso enggal malem siji Suro. Maksude, kabeh pada ndedonga marang Gusti Kang Akaryo Jagad lan sakisine supaya sanak kadang sedulur kabeh pada diparingi ayem tentrem ora ana rubeda lir ing sambekal sarono laku lampah tirakat madhep sariro ngeningake cipto utowo pasa. Kepara saperang sedulur ana sing pasa ngebleng 24 jam yaiku saka jam 06.00 dino iku teka jam 06.00 ing dino candake. Ing sajeroning madhep sasiro ora kudu melek, ora pareng sare mbok iya mung sakdheping netra.

Apa ta karepe padha madhep sariro kaya mangkono kasebut ing nduwur?
Pengalaman aku nderek pitedahe Bopo Guruku ing babagan kejawen (Mbah Parto Dikromo = Mbah Iyah) kang tak tindakake rikala semana, sajroning madhep sariro 24 jam iku, filosofine yaiku nyenyuwun pitedah marang Gusti Allah supaya bisa nyingkirake sesukering bathin, lan nyedaki bebener. Wis jamak lumrahe wong urip, akeh godha rencana kang gegayutan karo kahanan bathinku kang kebak ing panggayuh kadonyan. Rikala semana, aku isih nom-noman udakara umur 21 tahun, penggayuhku kang maneka warna ya sing trapsila apa maneh sing ala, dadi kawiyak jembar anggonku nglakoni barang bebener. Amargo saka iku kaya-kaya Gusti Kang Murbo ing Dumadi maringi margi lampah gancar anngonku ngayahi sinau (kuliah) ing pasinaon duwur ing Ngayogjakarto. Duk ing uni, udakara 4 tahun luwih sithik anggon aku sinau bisa rampung.

Ana ing malem siji Suro iku masyarakat Jawa padha marak tirakat ing sadhengah panggonan kang wigati, tuladha :
  1. Pucuk G. Lawu ing sisih wetan Kutha Solo, maewu-ewu wargo padha marak ing pucuk G. Lawu tirakat sawengi mbetetet tanpa sare.
  2. Kisik ing Samodra Kidul yaiku Parang Tritis lan Parang Kusumo, sisih kidul Nagyogjakarto
  3. Pegunungan Dieng, udakara 100 Km sisih kulon lor Kutho Semarang, akeh wargo padha tirakat ing sakiwo tengene kawah.
  4. Pirang-pirang panggonan tempuk ing Kali utawa tempuran, tuladha Tempuran K. Opak/K. Oya sacedak ing Imogiri. Ing panggonan iki wargo padha tirakat kungkum ingsajroning kali kanthi nyisaake sagulu munggah kang ora kaclap ing toya. Sawise padha padusan, tirakat diterusake melek nagti wayah sore wanci angslupe surya.
  5. Pasareane Para Ratu utawa Para Winasis kang wigati, tuladha pasarean Imogiri ing Ngayogjakarto, pasarean Mbayat ing Klaten, lsp.
  6. Ing sadhengah panggonan saindenging Nuswantoro, akeh wargo padha nonton pagelaran wayang kulit utawa wayangan. Pagelaran wayang kulit dipercaya dening sadengah masyarakat yen mangayu bagyo tanggap warso enggal malem siji Suro kanthi cara iku kalebu cara paling prayoga amarga bisa antuk pitutur kawaskithan saka Ki Dhalang.
  7. Ing Desa Pantaran kisiking G. Merbabu sisih wetan, adohe saka Bayolali 16 Km arah mengalor. Ana ing panggonan kono ana salah sawijining Sumber utawa Tuk kang banyune adem njejet kaya es yen wayah bengi amargo saka duwuring panggonan. Ewodene, masyarakat sakiwo-tengene padha gilig mengeti malem siji Suro kanthi adus ing kali sangisoring sumber mau, kungkum sajroning banyu kali nganti 1 jam suwene. Sawise mentas kungkum banjur padha tirakat madhep sariro ngeningake cipto nganti wayah esuk. Desa Pantaran yaiku penggonan dunung daleme Pertapa Pengging. Ing crita legenda Desa Pantaran, panggonan iku uga dipercaya masyarakat kagem semedi nom-nomane Jaka Tingkir sadurunge madeg Raja Pajang kang jejuluk Sultan Hadiwijaya.
  8. Gunung Merapi, wargo Desa Selo kang dununge ing kisik sisih lor G. Merapi mengeti tanggap warso enggal malem 1 Suro kanthi kirab dhedhaharan sedhekah bumi lan mendhem sirah kebo ana ing pusuking gunung kang kasebut Pasar Bubrah.
  9. Gunung Merbabu, wargo sisih lor Gunung Merbabu mengeti tanggap warso enggal malem siji Suro kanthi tirakatan ana ing Kawah Mati, yaiku sawijining kawah G. Merbabu kang wis ora aktif maneh.
  10. G. Sumbing lan G. Sindhoro, ing sacedhake Kutho Temanggung lan Wonosobo kurang luwih 80 Km sisih lor Ngayogjokarto, anggone padha mengeti malem siji Suro wargo ing kono padha nungsung munggah pucuking gunung kang dhuwure udakara 3.000 M sadhuwuring segara, saperlu “ngalap berkah” kanthi tirakat melek nganti jumedhuling surya. Ing pucuking gunung ana 2 pundhen awujud pasarene Kyai Berkat lan Kyai Jugil Awar-awar. Sing sapa kaprigelane golek panguripan ana ing babagan dol-tinuku anggone ngalap berkah ana ing pasareane Kyai Berkat. Ngendikane wargo ing kono, Kyai Jugil Awar-awar iku salah sawijining Maling Julig kang mertobat sadurunge dumugining seda.
  11. Desa Guyangan, Kec. Nogotirto, Sleman Ngayogjokarto. Ing kono ana sawijining sumur kang diripto dining Demang Cokrodikromo nalika tahun 1877. Saben malem tanggal 1 Suro, banyu sumur dianggo padusan lan diunjuk kang dipercaya masyarakat bisa kanggo tamba lelara lan nyingkirake godha rencana.
  12. Keraton Ngayogjakarto Hadiningrat, akeh wargo padha gumregah mengeti tanggap warso enggal malem siji Suro kanthi laku lampah tapa bisu ngubengi beteng keraton. Maewu-ewu manungsa padha nyengkuyung kirab mau, ya ana kang nglakoni tapa bisu, ya ana kang amung nonton.
  13. Keraton Surokarto, kirab pengetan ing malem siji Suro diadhani wiwit tabuh 19.00 wektu Indonesia sisih kulon. Kirab ing kene ditindakake karo-karone saka Keraton Mangkunegaran lan Keraton Kasunanan sarono arak-arakan pusaka kang dikawal dening Punggawa Keraton. Para sutresno kirab mlaku ndlamak ora ngagem telompah ngubengi saknjaban Keraton kang diwiwiti saka Alun-alu Lor, ngliwati Gladhak, menggok mangiwa arah Pasar Kliwon, pojok kidul Gadhing, Nonongan mbalik menyang Keraton maneh. Barang-barang pusaka kang uga di-kirab yaiku : Kanjeng Kyai Tambur, Kanjeng Kyai Poh Jenggi, Kanjeng Kyai Togog, Kanjeng Kyai Baladewa lan kanjeng Kyai Korowelang. Pusaka telu-telune yaiku : Kanjeng Kyai Togog, kanjeng Kyai Baladewa lan Kanjeng Kyai Korowelang dijupuk lan disimpen maneh ana ing Desa Ngloroh, Kab. Wonogiri. Ingkang antuk kawigaten agung ananning kirab yaiku yen kang dadi Cucuk Lampah kirab yaiku sawenehing sato kewan “kebo bule” kan kinaran Kanjeng Kyai Slamet.
    Drajad pakurmatan Kanjeng Kyai ora mung mligi diparingake marang manungsa, ananging uga marang barang pusaka kalebu Kanjeng Kyai Slamet kang dianggep pusaka Keraton amargo deweke nduweni sawenehing kaekten bisa mangerteni kapan njujug Keraton saperlu melu kirab lan nglambrang ilang sawise kirab.
    Kanjeng Kyai Slamet lan sak keturunane :
  • Kanjeng Kyai Baru
  • Kebo Kyai Kanjeng Mas
  • Kanjeng Kyai Slamet
  • Kanjeng Kyai Brekat
  • Kanjeng Kyai Batok
  • Kanjeng Kyai Kertaraharja
  • Kanjeng Kyai Jompong.
Gugon tuhon, yen ing sasi Sura ana salah sawijining dina Selasa Kliwon, diyakini yen iku dina paling keramat sajroning tahun kasebut. Ana ing malem Selasa Kliwon mau akeh kang padha laku tirakat ana ing panggonan wingit. Yen sajroning sasi Suro ora tinemu dino Selasa Kliwon, laku tirakat dilakoni ing malem Jumuah Legi.

Dirangkum dening : Agus Prasodjo, 
Jakarta, Juni 2011
Referensi tulisan lan Ilustrasi Foto :
  1. Catatan Pengalaman Pribadi masa Kecil
  2. Anonim, 2000, Wikipedia Ensiklopedia Bebas "Suro"
  3.  Suryo S. Negoro, 2000. 



2 komentar:

agusprasodjo.blogspot.com mengatakan...

Kaya-kayane, Pancuran 7 iku sing mbangun Mbah Iyah mburi omah. Wong pas piyambake arep seda, iku ya apa pas laku-lampah pa kepriye, critane Mbah Iyah iku dawah kepleset ana ing cedak Pancuran Kendal. Lan sapungkure iku, wis blas ora ana sing ndandani yen pinuju pancuran rusak. Siki memang Pancuran Kendal. Belik ro Talang wis mati.

Unknown mengatakan...

Yaaah memang betul,tradisi orang di pulau Jawa tanpa kecuali (Sunda,Jawa)bahkan orang keturunan Belanda/lahir di Indonesia(Jawa)mereka juga nyengkuyung tradisi tsb bukti nya mereka banyak yang pandai ber bahasa Jawa ( kromo inggil ).