7 Mei 2011

Edisi Basa Jawa "Cangkriman"

Cangkriman, keroto boso saka "Nyancang Pikir kanggo mbudidaya kasampurnaning keimanan", ananging keroto boso ing nduwur koyo kayane kurang pas, maksude apa gegandengane antarane nyancang pikir karo keimanan?  

Para winasis ing babagan Basa Jawa mratelaake yen cangkriman iku kalebu ewone dolanan sing migunaake basa utawa permainan bahasa, utawa language games (Mas Sudjarwo. 2009). Senajan sifate mung dolanan, cangkriman iku uga bisa dadi sarana kanggo ngasah pikiran. Ing basa Inggeris cangkriman kasebut Puzzle Game. 

Cangkriman ing basa Indonesia disebut ”teka-teki” iku pitakonan kang kudu dibedhe utawa dibatang. Biasane bocah-bocah cilik nalika padha gegojegan ana ing plataran utawa nalika kumpul dadi siji ana ing sawah pangonan, ngiras-ngirus ngisi wektu  bocah-bocah padha  cangkriman, utawa bedhekan.  Sedulur sing bisa mbedhe bener terus ganti pitakon utawa nyangkrimi kancane. Kaya mangkono sateruse, nganti wektu entek lan padha mulih menyang omahe dhewe-dhewe.  Yen panjenengan asring nonton wayang kulit, Ki Dhalang nalika mbubut gagang wayang punakawan, Ki Dhalang kadhangkala migunaake cangkriman kanggo ngregengake swasana pagelaran "goro-goro" ing tengah wengi.  

 Jinise Cangkriman utawa Bedhean kayadene :

  1. Cangkriman Sederhana (persaja) iku arupa rerangkening tembung sing mung dijupuk wandane kang pungkasan. Upamane ”ruk ndul thuk ndo thul ndal ndul”, batangane: jeruk gemandul dithuthuk bendo puthul gondhal gandhul; ”segara mbeldes”, batangane: sega pera sambele pedes, lan liya liyane.
  2. Cangkriman Empirical utawa ngemper-emper barang sunyatane. Dhasare yaiku anane emper-emperan antaraning sing dienggo cangkriman karo barang sunyatane, upamane: ”Pitik walik saba kebon", Batangane: nanas. ”Yen turu pada jejer matumpuk-tumpuk, yen makaryo nabrak-nabrak tembok terus metu genine” Batangane : batang korek api. Cangkriman emper-emperan iku ana sing luwih angel, upamane: Anake diidak-idak, babone dielus-elus, apa? Batangane: andha.
  3. Gabungan wanda pungkasan lan tembung-tembung liyane, upamane: "manuk ndhase telu" Batangane: manuk endhase dibuntel wulu. Cangkriman liyane: "Biru bisane wungu dikapakake? Batangane: Digebug. Babi turu supaya tangi (wungu) ya digebug.
  4. Awujud wangsalan, geguritan, parikan utawa puisi sing rinonce dadi Tembang Mocopat  ”Pocung”, tuladha :  Bapak pocung/dudu watu dudu gunung/sangkane ing Plembang/ngon-ingone Sang Bupati/yen lumaku Si Pocung lambeyan grana // Batangane: gajah
  5. Cangkriman gagrak anyaran arupa plesedan, ngemu karep ngganti salah sawijining wanda utawa ater-ater saka tembung asline, upamane : "Uwoh apa sing menganggo ater-ater "ka"? Batangane : kacang, kambutan, kangga, lsp. Tuladha liyane : "Sapi apa sing bisa menek tembok"? Batangane : sapiderman, karepe mono spiderman.  
Mas Sudjarwo mratelaake yen ing kasusastran Jawa, cangkriman uga ana sing diarani wangsalan sing batangane awujud wanda utawa tembung kang disusulake ing tembung-tembung candhake, upamane,  "anjanur gunung" janur gunung yaiku aren, maksude : kadingaren, "witing pari" yaiku damen, maksude : dimen, "mbalung janur", yaiku sada, maksude : usada, "lur agung ing tengah wana", maksude : ula sawa. lsp. Wangsalan dianggo ing bebrayan sadina-dina, upamane : ”kok njanur gunung ta ora nate ameng-ameng mrene", mengku karep : janur gunung iku aren, tegese "kadingaren”.


  • Aku kurang sarujuk yen Wangsalan uga kasebut cangkriman, amarga ukara wangsalan iku luwih cedhak istilah "sanepa" utawa "paribasan" yaiku kalimat sing fungsine ngalusake tembung lan kaendahaning ukara. Maksude, mengku karep yen inti kalimat utawa rerengganing tembung bisa dimangerteni sawise kabeh tembung sawijining ukara wis rampung diucapake tanpa ana liyan sing rumangsa tersinggung, tuladhane : "ngebun-ebun enjang anjejawah sonten", mengku karep : ebun ejang ya katon lamar-lamar, jawah sonten ya katon lamar-lamar. Tegese : arep nglamar. 
  • Ana maneh jinising ukara sing luwih njlimet yaiku sing diarani "Sengkalan". Lan sengkalan ana pirang-pirang perkara, ing anatrane sengkalan memet, yaiku sawijining ukara kanggo mreteni titi mangsa kawigaten agung. Candrasangkala utawa Sengkalan kuwi cara nulis taun sing disandhi nganggo ukara. Panulisan titi mangsa iki asring kagunakaké ing Sastra Jawa Kuna lan Tengahan. Cara macané kanthi diwalik. Tuladha : Sirna ilang kěrtaning bumi, yen diterjemahaké dadi angka 0, 0, 4, 1. Diwalik banjur dadi 1400.
  • Tembung “sengkalan”, asalé saka tembung “saka” lan “kala”. Saka utawa çaka iku jenengé bangsa Indhu, kala utawa kala ateges wektu Mungguh kang dikarepaké “sengkalan”, yaiku unèn-unèn sing nduwèni teges angkaning taun. Ing jaman biyèn sing kanggo pétungan ing Tanah Jawa iku taun Saka. Nanging saiki ana sing migunakaké taun rembulan utawa taun candra, yaiku pétungan sing sasiné manut lakuning rembulan, diarani: “Candrasengkala”. Sengkala kang adhedhasar taun srengéngé, banjur diarani: “Suryasengkala
Tirta sarining klapa, cekap semanten atur kawula, kirang langkungipun nyuwun gunging samodra pangaksami.


Rahayu ingkang pinanggih.

Jakarta, Mei 2011Sumber Bacaan :
1. Wikipedia, 2011, Cangkriman Bahasa Jawa
2. Aloysius Indratmo, Yohanes Suwanto, 2007, Cangkriman Dalam Bahasa Jawa,  Suatu Kajian Pragmatik , Fak Seni Rupa UNS, Solo
3. Soedjarwo,September 2009, Kejawen, CyberNews Suara Merdeka,


2 komentar:

bepe mengatakan...

Cangkriman : 'kacang keri dieman-eman'..

agusprasodjo.blogspot.com mengatakan...

Apane sing dieman-eman..? tak goleki ya durung ketemu asal-usul tembung cangkriman. Apa ya saka tembung "cangkem keri karepe mung arep mangap" sing tegese iku "mulut usil"..? Embuh ya..